nyoba
Read More --►
Minggu, 03 Februari 2013
Jumat, 01 Februari 2013
Walimatul Khitan Walimatul Khitan
Walimatul Khitan
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد
لله الذى قد قال فى كتا به الكريم :
ثُمَّ
اَوْحَيْنَا اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ
مِلَّةَ اِبْرَاهِيْمَ حَنِيْفًا.
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ
النَّبِيِّ الْمُصْطَفَى وَعَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَ
فِى ا مّا بعد
Poro
Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !
Sepindah
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa puja lan
puji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring
pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito. Sehingga
wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko
majelis dalam rangka Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan
dateng walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian
Allah dipun catet minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya
robbal alamin.
Ingkang
kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah
kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai
Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo
umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi
mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko
taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun to’at lan
boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang
kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara
ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko
mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken
khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as
ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko
sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun dowo.
Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokteng ingkang
tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak
utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko
tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun
lagek sunat ?
Poro
Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi
Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes
tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat
utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados
asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh
SWT paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi
Ibrahim. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
Artosipun :
“Nuli ingsun
wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong) marang agamane
Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro
Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo……
sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing
antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget
ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun
zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados
syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib.
Pramilo menurut qo’idah ushul fiqh :
كُلُّ
مَا يُتَوَ صَّلُ بِهِ إِلَى الْوَاجِبْ
فَهُوَ وَا جِبٌ
Artosipun :
”Sakabehe perkoro
sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume
wajib“
Pramilo
ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm
puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang
No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi kesehatan dokter
khitan puniko saget ngilangi penyakit-penyakit ingkang timbul
sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene
faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng keberanian
utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget dipun
bukte’aken menawi panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang
gagah berani, wantun ngusir panjajah, wantun bertanding melawan
musuh, meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun sunat.
Lan boten wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang
ngusir penjajah.
Dados
mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata
kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun
khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko
dateng masalah ibadah.
Kintenipun
cekap semanten atur kulo
Kupat
lepet taline janur
Lepat
luput tetepa dadi sedulur
Masang pulut ing duwur
cemoro
Menawi luput nyuwun
ngapuro
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Penerimaan Manten Penerimaan Manten
Pidato Penerimaan
manten
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ
للهِ الذى خُلَقَ مِنَ الْمَاءِ بَشَرَا
فَجَعَلَمَهُ نَسَبًا وَصِهْرًأ.
وَكَانَ
رَبُّكَ قَدِيْرَا وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
أَفْضَلِ الْخَلْقِ وَالْوَرَى.
وَعَلَى
أَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا
كَثِيْرًا.
أَمَّا
بَعْدُ.
فَلاَ
حَوْلَ وَ لَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ
الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro
Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang
kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar
kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot
ingkang kulo hormati.
Wonten
ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi
ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan
syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat
Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget
keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak
Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken
dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli
keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo
ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk
syafaatipun kanjeng Nabi. اَمِيْنَ
يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro
Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng
ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan
dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro
tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi
poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso
ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak
Hamid sekeluarga ngaturaken.
مَرْ
حَبًا أَهْلاً بِحُضُوْ رِ كُمْ
Ingkang
kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten
dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon.
Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho
poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun
kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun
kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar
sa’wontenipun.
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun
kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun
masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun
dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih
puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos
maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan
Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh.
lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi
dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun
tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto
mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget
membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan
barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang
terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi
panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih
nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur
kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken,
mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi
dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng,
mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun
kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen
kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Penyerahan Manten Penyerahan Manten
Seserahan Pernikahan adalah salah satu ciri khas pernikahan di Indonesia. Seserahan bukan
hanya prosesi yang wajib dilakukan oleh setiap calon pengantin, namun
dibalik itu seserahan pernikahan merupakan prosesi yang sarat arti.
Upacara seserahan pernikahan ini juga menjadi waktu yang tepat untuk mempertemukan dan mengakrabkan kedua keluarga calon pengantin agar dapat beramah tamah sebelum terlaksananya acara pernikahan. Adat Prosesi seserahan pernikahan yang dijalani oleh pasangan calon pengantin satu dengan lainnya kemungkinan memiliki perbedaan sesuai dengan adat istiadatnya. Berikut ini tersaji makna seserahan pernikahan serta waktu dan barang-barang seserahan yang umum digunakan dalam adat Jawa, Sunda dan Tionghoa.
Arti Seserahan Pernikahan
Dalam adat Jawa, seserahan pernikahan atau disebut juga peningsetan memiliki arti yang mendalam. Peningsetan berasal dari kata singset (artinya mengikat) yang memiliki arti tanda ikatan hati antara dua keluarga yang akan menjadi satu dalam pernikahan. Seserahan pernikahan tersebut juga merupakan simbol atau tanda tanggung jawab dari calon pengantin pria untuk meyakinkan calon mertuanya bahwa dirinya telah siap memberi nafkah lahir dan batin pada calon mempelai wanita.
Seserahan pernikahan dalam adat Sunda merupakan upacara pranikah yang menjadi kelanjutan dari prosesi lamaran. Arti utama dari seserahan pernikahan adat Sunda adalah menyerahkan calon pengantin pria untuk masuk dan menjadi anggota keluarga calon pengantin wanita.
saya akan memberikan contoh seserahan manten dalam bahasa jawa :
Upacara seserahan pernikahan ini juga menjadi waktu yang tepat untuk mempertemukan dan mengakrabkan kedua keluarga calon pengantin agar dapat beramah tamah sebelum terlaksananya acara pernikahan. Adat Prosesi seserahan pernikahan yang dijalani oleh pasangan calon pengantin satu dengan lainnya kemungkinan memiliki perbedaan sesuai dengan adat istiadatnya. Berikut ini tersaji makna seserahan pernikahan serta waktu dan barang-barang seserahan yang umum digunakan dalam adat Jawa, Sunda dan Tionghoa.
Arti Seserahan Pernikahan
Dalam adat Jawa, seserahan pernikahan atau disebut juga peningsetan memiliki arti yang mendalam. Peningsetan berasal dari kata singset (artinya mengikat) yang memiliki arti tanda ikatan hati antara dua keluarga yang akan menjadi satu dalam pernikahan. Seserahan pernikahan tersebut juga merupakan simbol atau tanda tanggung jawab dari calon pengantin pria untuk meyakinkan calon mertuanya bahwa dirinya telah siap memberi nafkah lahir dan batin pada calon mempelai wanita.
Seserahan pernikahan dalam adat Sunda merupakan upacara pranikah yang menjadi kelanjutan dari prosesi lamaran. Arti utama dari seserahan pernikahan adat Sunda adalah menyerahkan calon pengantin pria untuk masuk dan menjadi anggota keluarga calon pengantin wanita.
saya akan memberikan contoh seserahan manten dalam bahasa jawa :
Penyerahan Manten
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ
ِللهِ الَّذِى أَحَلَّنَا النِّكَا حَ.
وَحَرَّمَ
عَلَيْنَ السِّفَا حَ.
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ
الَّذِى هَدَا نَا إِلَى سَبِيْلِ
النَّجَاحَ.
وَعَلَى
اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهَلِهِ الصّدْقِ
وَالصَّلاَحِ أَمَّا بعدُ فَلاَ حَوْلَ
وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ
Poro
Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho
poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun
kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen
kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang
sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan
sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing
majlis puniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi
kolo.
Ingkang
kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah
tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW
soho para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing
majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget
dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi
benjang ing dinten Qiamat. Amien
Poro
rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang
kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek
pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi
wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro
rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun
pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin
putra.
Sepindah
kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho matur
nuwun sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga,
ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an,
shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados
mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil
para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan
meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki
kanthi ucapan
جَزَا
كُمُ اللهُ خَيْرَ الْجَزَا كَثْرًا
Mugi-mugi atas
jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki
sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening
Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.
اَمِيْنَ
يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro
rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko
wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid.
Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking
Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma
sederek Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko
tiyang sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan
puniko sampun trami dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki,
ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti
raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek
Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul
bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten
meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun sangking segi
nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi
nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan
lan sanesipun, kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun,
sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho
tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Poro
rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang
terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar
penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo
sa’rombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a
restu. Mugi kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju
dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng,
boten wonten setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho
sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo
pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah
laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng
panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo
pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten
ingkang sak katah-katahipun.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Nasehat Perkawinan Nasehat Perkawinan
NASEHAT PERKAWINAN
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ
لله الّذى سَنَّ لِعِبَادِهِ النِّكَاحَ.
وَنَهَا
هُمْ عَنِ السِّفَا حِ وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَ مُحَمَّدٍ
الْقَائِلْ :
تَنَا
كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْا فَإِنِّى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَمَ يَوْمَ
الْقِيَامَةِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ
اَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَلاَ حَوْلاَ
وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِا للهِ الْعَلِيِّ
الْعَظِيْمِ.
Poro
Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo
hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah
kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung
paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito
saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut
hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget
keramat meniko
Mugi-mugi
kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal
sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang
kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh tansah
dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW,
soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara
tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat
Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah
meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek
sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
تَنَا
كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْ فَإِ نِى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَّةَ يَوْمَ
الْقِيَامَةِ
Ingkang artosipun :
“Podo nikaho siro
kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing
dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“
Shoho
Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut
Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko
saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal
ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab
nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam
nikah meniko, dados syarat syahipun nikah.
Poro
rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun
menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah
meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf.
Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’
(Nikah نكح)
ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi
arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan
sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang
nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer
kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat.
Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat,
sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng
piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer
tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang
artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh
saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih
bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik,
glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen
teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi
saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah
dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang
jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang
sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene :
puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang
jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan
putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten
Al-Qur’an
الرَّ
جَالُ قَوَّامُوْ نَ عَلَى النِّسَآ ءِ
Artosipun :
“Bilih tiang jaler
meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“
Dene
kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih
meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken.
Lan menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi
perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun
tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi
dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun
kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah,
ingkang dawuhipun mekaten :
خَيْرُ
النِّسَآءِ إِمْرَأَةٌ إِذَا نَظَرْ تَ
إِلَيْهَا سَرَّتْكَ وَاِنْ اَمَرْتَهَا
اَطَا عَتْكَ وَاِنْ غِبْتَ عَنْهَا
حَفَظَتْكَ فِى مَالِكَ وَنَفْسِهَا
Ingkang artosipun :
“Sak apik-apike wong
wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro,
lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo,
tansah jaga awake lan bondo siro“
Porp
Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal
Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat
lepet taline janur
Lepat
luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun
sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi
MAULID
NABI MUHAMMAD, SAW
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد
لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ
اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ
رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ.
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ
خَيْرِ اْلاَنَمِ.
وَعَلَى
اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ.
أمّا
بعد.
فقال
الله تعالى فى القر أن الكريم.
وَمَا
أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً
لِّلْعَالَمِيْنَ.
Hadratul
Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin
sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat
suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko,
monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji
syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso,
soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang
nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho
boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan
iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat
kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan
sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang
kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken
dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang
beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju
masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa
Islamiyah.
Poro
Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang
kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara,
ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko
saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
Poro
Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara
tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang
asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados
keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun
pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang
pemimpinipun.
Lha
panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang
sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking
zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten
kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah
Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam
gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib
dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala,
menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami
permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang
lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal
perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat
Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan,
meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih
meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil,
utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring
tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten
Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora
ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro
Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo
wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko,
monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito
syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito
syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta
kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken
amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam.
Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng
Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi
ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun.
Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing
dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados
dawuhipun kanjeng Nabi :
مَنْ
إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ
شَفَا عَتِى
“Sing sopo wonge
gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro
rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen
tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
(
اركان
المحبّة ثلا ثة)
Rukunipun
cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban
demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang
dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan
nyebut-nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan
perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan
mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan,
ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro
Rawuh ingkang kulo hormati !
La’
kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan
cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban
kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat
meniko.
Lan
maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito
dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang
dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti
mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto
tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi
syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro
rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo
nyuwun agungipun pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Cara Mengedit Blog biar Keren Cara Mengedit Blog biar Keren
Bagaimana sih mengedit blog agar terlihat keren dan unik..? "Gini Mas", Saya kasih tahu kamu sedikit tentang Cara Mengedit Blog Agar Keren. Mungkin ini cuma tips mengedit untuk menambah wawasan sobat. Cara ini menggunakan Inspect elemen laman. Funsinya biar gampang ngedit, dari pada di Edit HTML., kebanyakan ngak bisa kita harapkan.
Dalam Tutorial ini saya menggunakan Browser Google Chrome 25.
Oh ya, kalau browsermu belum ada Inspect Elemen Laman, Download dulu browser terbaru.
OK. Goes to tutorial.
BAGIAN I
- Kita Coba edit Bagian Body
- Klik kanan Lalu pilih Inspect elemen
- Setelah itu muncul tampilan Elemen Source HTML.
- Coba anda edit satu persatu. (Tenang, ini tidak akan menyimpan ke blog. Setelah di reload semua akan kembali ke semula).
- Caranya klik yang mau kamu edit
- Contoh:
Background:Gray url (https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEi2kcPAuvN7Iqck1RGqwTsx1mqFbd_cs2D_Q56zyG-PXlH-YCeY2PJzYeUgWIfb7UkBHTbzgWRDjmQyYvTRQrsak2LlzNwCCI1MGAXjqupz3dOplVdR8EMeclQl_AeMXmgRSwY0vwcji6E/s1600/Halloween_Wallpapers_47+%28darkwallz.blogspot.com%29.jpg ) repeat-x fixed
Color: white (untuk color bisa cari warna html di google kalau belum tahu)
Font: normal normal 12px 'Arial' - Yang lainya bisa kamu teruskan. (Jadinya begini)
BAGIAN II
- Kita Coba Edit Gadget menjadi emas ( yang ini bagian jam )
- Klik kanan bagian jam Lalu pilih Inspect element
- Kita Ganti
Background:-webkit-gradient(linear,center top,center bottom,from(rgba(193,111,5,0.3)),color-stop(49%,rgba(212,137,8,0.7)),color-stop(50%,rgba(212,137,8,0.7)),to(rgba(193,111,5,0.3)))
Box shadow:inset 0 2px 12px gold
Border-radius:50px
- Untuk Gradient anda bisa belajar di google.
- Untuk hovernya kamu bisa menambahkan animasi transfrom rotate berputar
Setelah semuanya di edit dan terlihat keren, kamu sekarang bisa memindahkan hasil tadi ke Edit HTML satu persatu. Dan setelah itu kamu Pratinjau Blog. Jika sudah OK, klik Simpan.
Itulah sedikit ilmu Cara Mengedit Blog Agar Keren semoga bermanfaat.
Itulah sedikit ilmu Cara Mengedit Blog Agar Keren semoga bermanfaat.
Langganan:
Postingan (Atom)























