NASEHAT PERKAWINAN
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ
لله الّذى سَنَّ لِعِبَادِهِ النِّكَاحَ.
وَنَهَا
هُمْ عَنِ السِّفَا حِ وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَ مُحَمَّدٍ
الْقَائِلْ :
تَنَا
كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْا فَإِنِّى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَمَ يَوْمَ
الْقِيَامَةِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ
اَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَلاَ حَوْلاَ
وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِا للهِ الْعَلِيِّ
الْعَظِيْمِ.
Poro
Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo
hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah
kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung
paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito
saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut
hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget
keramat meniko
Mugi-mugi
kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal
sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang
kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh tansah
dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW,
soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara
tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat
Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah
meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek
sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
تَنَا
كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْ فَإِ نِى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَّةَ يَوْمَ
الْقِيَامَةِ
Ingkang artosipun :
“Podo nikaho siro
kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing
dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“
Shoho
Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut
Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko
saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal
ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab
nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam
nikah meniko, dados syarat syahipun nikah.
Poro
rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun
menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah
meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf.
Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’
(Nikah نكح)
ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi
arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan
sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang
nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer
kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat.
Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat,
sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng
piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer
tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang
artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh
saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih
bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik,
glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen
teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi
saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah
dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang
jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang
sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene :
puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang
jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan
putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten
Al-Qur’an
الرَّ
جَالُ قَوَّامُوْ نَ عَلَى النِّسَآ ءِ
Artosipun :
“Bilih tiang jaler
meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“
Dene
kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih
meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken.
Lan menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi
perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun
tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi
dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun
kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah,
ingkang dawuhipun mekaten :
خَيْرُ
النِّسَآءِ إِمْرَأَةٌ إِذَا نَظَرْ تَ
إِلَيْهَا سَرَّتْكَ وَاِنْ اَمَرْتَهَا
اَطَا عَتْكَ وَاِنْ غِبْتَ عَنْهَا
حَفَظَتْكَ فِى مَالِكَ وَنَفْسِهَا
Ingkang artosipun :
“Sak apik-apike wong
wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro,
lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo,
tansah jaga awake lan bondo siro“
Porp
Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal
Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat
lepet taline janur
Lepat
luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun
sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
0 komentar: