Muhammad Subkhan (Aan)
Bekerja di Kementerian Agama
Laki-laki, 32 tahun

Cilacap, Indonesia

Kegagalan adalah awal dari suatu keberhasilan.
::
Start
Nayaka Marvellino Subkhan
Shutdown

Navbar3

Cari Blog Ini

Jumat, 01 Februari 2013

Penyerahan Manten

         Seserahan Pernikahan adalah salah satu ciri khas pernikahan di Indonesia. Seserahan bukan hanya prosesi yang wajib dilakukan oleh setiap calon pengantin, namun dibalik itu seserahan pernikahan merupakan prosesi yang sarat arti.
         Upacara seserahan pernikahan ini juga menjadi waktu yang tepat untuk mempertemukan dan mengakrabkan kedua keluarga calon pengantin agar dapat beramah tamah sebelum terlaksananya acara pernikahan. Adat Prosesi seserahan pernikahan yang dijalani oleh pasangan calon pengantin satu dengan lainnya kemungkinan memiliki perbedaan sesuai dengan adat istiadatnya. Berikut ini tersaji makna seserahan pernikahan serta waktu dan barang-barang seserahan yang umum digunakan dalam adat Jawa, Sunda dan Tionghoa.
Arti Seserahan Pernikahan
          Dalam adat Jawa, seserahan pernikahan atau disebut juga peningsetan memiliki arti yang mendalam. Peningsetan berasal dari kata singset (artinya mengikat) yang memiliki arti tanda ikatan hati antara dua keluarga yang akan menjadi satu dalam pernikahan. Seserahan pernikahan tersebut juga merupakan simbol atau tanda tanggung jawab dari calon pengantin pria untuk meyakinkan calon mertuanya bahwa dirinya telah siap memberi nafkah lahir dan batin pada calon mempelai wanita.
          Seserahan pernikahan dalam adat Sunda merupakan upacara pranikah yang menjadi kelanjutan dari prosesi lamaran. Arti utama dari seserahan pernikahan adat Sunda adalah menyerahkan calon pengantin pria untuk masuk dan menjadi anggota keluarga calon pengantin wanita.
saya akan memberikan contoh seserahan manten dalam bahasa jawa :


Penyerahan Manten

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَحَلَّنَا النِّكَا حَ. وَحَرَّمَ عَلَيْنَ السِّفَا حَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ الَّذِى هَدَا نَا إِلَى سَبِيْلِ النَّجَاحَ. وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهَلِهِ الصّدْقِ وَالصَّلاَحِ أَمَّا بعدُ فَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ
Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW soho para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing dinten Qiamat. Amien
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra.
Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho matur nuwun sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan
جَزَا كُمُ اللهُ خَيْرَ الْجَزَا كَثْرًا
Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun. اَمِيْنَ يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu. Mugi kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

0 komentar: