Pidato Penerimaan
manten
السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ
للهِ الذى خُلَقَ مِنَ الْمَاءِ بَشَرَا
فَجَعَلَمَهُ نَسَبًا وَصِهْرًأ.
وَكَانَ
رَبُّكَ قَدِيْرَا وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
أَفْضَلِ الْخَلْقِ وَالْوَرَى.
وَعَلَى
أَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا
كَثِيْرًا.
أَمَّا
بَعْدُ.
فَلاَ
حَوْلَ وَ لَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ
الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro
Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang
kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar
kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot
ingkang kulo hormati.
Wonten
ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi
ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan
syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat
Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget
keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak
Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken
dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli
keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo
ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk
syafaatipun kanjeng Nabi. اَمِيْنَ
يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro
Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng
ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan
dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro
tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi
poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso
ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak
Hamid sekeluarga ngaturaken.
مَرْ
حَبًا أَهْلاً بِحُضُوْ رِ كُمْ
Ingkang
kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten
dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon.
Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho
poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun
kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun
kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar
sa’wontenipun.
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun
kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun
masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun
dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih
puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos
maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan
Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh.
lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi
dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun
tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto
mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget
membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan
barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang
terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi
panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih
nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur
kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken,
mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi
dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng,
mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun
kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen
kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
0 komentar: